Monday, June 20, 2016

SAJAK UNTUK PARA RAJAKU

SAJAK UNTUK PARA RAJAKU

Naliko Surupe serngenge ngunigno mego
Ngelengno dene rino mesti bakal dumugi ing tutuki segoro
Rumangsaku subuh nyludur rak ngerti parane,
Dumadak an uwan ono ing sirah nyopo yen bakal nemu ingpungkasane
Rasa-rasane mongso lakune urip, tak lirwakne koyo dene kelilip
Sabendino slurup ing jerruning bengawan betoro kolo
Tumindak olo micekne peningal kang ora anduweni moto.


biyen nalikane isih joyo lan kuoso
aku sumugih marang menungso kanti duroko
ngebek I waduk seng ora onok totokane
kelawan barang kang den wanti-wanti mrang gustine
ora perduli iku batange segawon opo to rawon
seng penting iso nggeneni pawon serto nyumpel suorone tawon
seng ra ngerti wayah isuk lan bengi
tansah grubekki kuping kiwo-tengen iki.

Duh gusti….mboten wonten perkoro kang abot kejobo mung pati
Ugi mboten wonten perkoro kang langkung enteng tinimbang sak mantune kejobo mung pati
Kanti sak saestu kawulo nyekseni nek mboten enten pengeran kang wajib den sembah kelawan haq iku maujud, kejobo mung allah ta’ala. Laa mauja ilallah
kelawan sifat rohman rohimipun panjenengan, kawulo nyuwon nikmatipun dunyo
umur seng barokah, bojo seng sholikah, dunyo seng manfaat, anak seng sholikah. nikmatipun akhirat.